45 Wong apik mesthi ngomongké sing apik-apik, merga sing ana ing atiné mung apa sing apik. Ning, wong jahat ngomongké sing èlèk-èlèk, merga sing ana ing atiné mung apa sing èlèk. Apa sing diomongké ing cangkem kuwi asalé saka ati.+
6 Ilat kuwi ya kaya geni.+ Ilat kuwi anggota badan sing jahat lan isa nggawé najis kabèh anggota badan. Ilat ya isa ngrusak uripé wong.+ Kuwi padha kaya Géhéna.*