-
Lukas 11:29-32Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 Pas ana akèh wong sing ngumpul, Yésus ngomong, ”Wong-wong jaman iki* jahat. Wong-wong kuwi njaluk tandha, ning ora bakal ana tandha sing diwènèhké, sakliyané tandha Yunus.+ 30 Kaya Yunus+ sing dadi tandha kanggo wong Niniwé, Anaké manungsa ya bakal dadi tandha kanggo wong-wong jaman iki.* 31 Ing Dina Pengadilan, Ratu Syéba*+ bakal diuripké manèh bareng karo wong-wong jaman iki.* Dhèwèké bakal nganggep wong-wong jaman iki salah, merga dhèwèké teka saka panggonan sing adoh bèn isa ngrungokké kawicaksanané* Salomo. Tapi ing kéné, ana wong sing luwih penting timbang Salomo.+ 32 Ing Dina Pengadilan, wong Niniwé bakal diuripké manèh bareng karo wong-wong jaman iki.* Wong Niniwé bakal nganggep wong-wong jaman iki salah, merga wong Niniwé mertobat sakwisé krungu berita saka Yunus. Tapi ing kéné, ana wong sing luwih penting timbang Yunus.+
-