-
Markus 3:31-35Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Wektu kuwi, ibuné Yésus lan adhi-adhiné lanang+ teka. Wong-wong kuwi ngadeg ing njaba lan ngongkon wong kanggo ngundang* Yésus.+ 32 Wong-wong sing lungguh ing sekitaré Yésus kandha, ”Ibumu lan adhi-adhimu lanang ana ing njaba lagi nggolèki njenengan.”+ 33 Ning Yésus njawab, ”Sapa ibuku, lan sapa adhi-adhiku?” 34 Terus, Yésus ndelok wong-wong sing lungguh ing sekitaré lan kandha, ”Iki ibuku lan adhi-adhiku.+ 35 Sapa waé sing nindakké karepé Gusti Allah kuwi adhiku lanang, adhiku wédok, lan ibuku.”+
-