-
Markus 4:30-32Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 Yésus kandha manèh, ”Kerajaané Gusti Allah isa dipadhakké karo apa lan isa dijelaské nganggo perumpamaan apa? 31 Kerajaané Gusti Allah kuwi kaya biji sing cilik banget.* Wektu disebar ing lemah, biji kuwi sing paling cilik ing antarané kabèh biji ing bumi.+ 32 Ning sakwisé disebar, biji kuwi thukul lan dadi tanduran sayur sing paling gedhé ing antarané tanduran sayur liyané. Tanduran kuwi ya ngasilké cabang-cabang sing gedhé. Mula, manuk-manuk ing langit isa nggawé susuh lan ngéyub ing kono.”
-