-
Markus 6:21-29Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Akhiré, Hérodias éntuk kesempatan wektu Hérodès nggawé pésta kanggo para pejabat, komandan militèr, lan wong-wong penting ing Galiléa,+ yaiku pas dina ulang tauné+ Hérodès. 22 Anaké wédok Hérodias teka lan nari ing pésta mau. Kuwi nggawé Hérodès lan tamu-tamuné dadi seneng. Terus, Raja ngomong karo cah wédok kuwi, ”Kowé éntuk njaluk apa waé sing mbok péngini lan mesthi bakal tak turuti.” 23 Hérodès nganti sumpah karo cah wédok kuwi, ”Apa waé sing mbok jaluk mesthi bakal tak wènèhké, malah nganti separoné kerajaan iki.” 24 Terus, cah wédok kuwi nemoni ibuné lan takon, ”Aku kudu njaluk apa?” Ibuné njawab, ”Sirahé Yohanes Pembaptis.” 25 Cah wédok kuwi langsung ngadhep raja lan ngomongké kepénginané. Dhèwèké ngomong, ”Aku péngin njenengan saiki mènèhi aku sirahé Yohanes Pembaptis ing ndhuwuré nampan.”+ 26 Raja dadi sedhih banget. Ning Raja ora isa nolak, merga dhèwèké wis sumpah ing ngarepé para tamuné. 27 Mula, Raja langsung ngongkon penjaga bèn nggawa sirahé Yohanes. Terus, penjaga kuwi lunga lan menggal sirahé Yohanes ing penjara. 28 Penjaga kuwi nggawa sirahé Yohanes nganggo nampan. Terus, Hérodès mènèhké kuwi marang cah wédok kuwi, lan cah wédok kuwi mènèhké marang ibuné. 29 Wektu krungu soal kuwi, murid-muridé Yohanes teka lan njupuk mayaté Yohanes, terus mayat kuwi dikubur.
-