PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Para Raja 4:42-44
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 42 Ana wong teka saka Baal-syalisya,+ lan dhèwèké nggawa roti barli+ 20 sing digawé saka hasil panèn pertama karo sak kanthong biji-bijian sing lagi waé dipanèn+ kanggo diwènèhké marang abdiné Gusti Allah sing bener. Èlisa kandha, ”Wènèhna kuwi marang wong-wong iki bèn dipangan.” 43 Ning pelayané kandha, ”Panganan iki ora cukup kanggo wong 100.”+ Èlisa kandha, ”Wènèhna waé marang wong-wong iki bèn dipangan, merga iki sing diomongké Yéhuwah, ’Wong-wong kuwi bakal mangan, malah bakal turah.’”+ 44 Bar kuwi, panganan kuwi diwènèhké, terus wong-wong kuwi padha mangan, malah isih turah,+ persis kaya sing diomongké Yéhuwah.

  • Markus 6:42, 43
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 42 Kabèh wong kuwi mangan nganti wareg. 43 Sakwisé kuwi, murid-murid nglumpukké sisané, lan ana 12 kranjang kebak, durung termasuk iwaké.+

  • Markus 8:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Kabèh wong mangan nganti wareg. Murid-murid nglumpukké sisané, lan akèhé nganti pitung kranjang gedhé.*+

  • Lukas 9:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Kabèh wong kuwi mangan nganti wareg. Sakwisé kuwi, murid-murid nglumpukké sisané, lan sisané ana 12 kranjang.+

  • Yohanes 6:12, 13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Sakwisé wong-wong kuwi wareg, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Klumpukna sisané bèn ora ana sing kebuwang.” 13 Terus, roti barli lima sing dipangan wong-wong kuwi diklumpukké sisané karo murid-murid, lan sisané ana 12 kranjang.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim