-
Markus 7:18-23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Mula, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Apa kowé ya isih durung ngerti kaya wong-wong kuwi? Apa kowé ora ngerti nèk sing mlebu ing cangkem ora bakal nggawé wong dadi najis? 19 Kuwi ora mlebu ing atiné, tapi mlebu ing wetengé, lan akhiré dibuwang ing jamban.” Dadi, Yésus kandha nèk kabèh panganan kuwi halal. 20 Yésus neruské omongané, ”Sing nggawé wong dadi najis kuwi apa sing metu saka atiné,+ 21 merga saka atiné manungsa+ metu pikiran jahat sing nyebabké wong nindakké hubungan sèks sing ora pantes,* nyolong, matèni, 22 laku jina, srakah, tumindak sing jahat, ngapusi, tumindak kurang ajar,* iri, ngrèmèhké, sombong, lan nduwé sikap ora masuk akal. 23 Kabèh sing jahat kuwi metu saka ati lan nggawé wong dadi najis.”
-