-
Markus 8:1-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Sepisan manèh, ana akèh wong sing ngumpul. Wong-wong kuwi ora nduwé panganan. Mula, Yésus ngundang* murid-muridé lan kandha, 2 ”Aku mesakké karo wong-wong iki.+ Wis telung dina wong-wong iki ngetutké aku lan saiki wis ora nduwé panganan.+ 3 Nèk aku ngongkon wong-wong iki mulih padahal wetengé ngelih,* mengko wong-wong iki isa semaput ing dalan. Wong-wong iki ya ana sing omahé adoh.” 4 Ning, murid-muridé njawab, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi. Terus, piyé carané awaké dhéwé isa éntuk roti bèn wong akèh iki isa mangan nganti wareg?” 5 Yésus takon, ”Kowé nduwé roti pira?” Murid-muridé njawab, ”Pitu.”+ 6 Terus, Yésus ngongkon wong-wong kuwi lungguh ing lemah. Bar kuwi, Yésus njupuk roti pitu, ngucapké syukur, nyuwil-nyuwil roti kuwi, lan mènèhké kuwi marang murid-muridé bèn diedumké marang wong-wong kuwi.+ 7 Murid-murid ya nduwé iwak cilik sing jumlahé mung sithik. Sakwisé ngucap syukur, Yésus ngongkon murid-muridé ngedumké iwak kuwi. 8 Kabèh wong mangan nganti wareg. Murid-murid nglumpukké sisané, lan akèhé nganti pitung kranjang gedhé.*+ 9 Wektu kuwi, sing mangan kira-kira ana wong lanang 4.000. Terus, Yésus ngongkon wong-wong kuwi mulih.
-