PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wulang Bebasan 15:33
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 33 Wong sing wedi marang* Yéhuwah isa dilatih bèn dadi wicaksana,+

      Lan wong sing rendah hati bakal diajèni.+

  • Matius 20:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 Ning, kowé aja kaya ngono.+ Sapa waé ing antaramu sing péngin dadi sing utama kudu nglayani liyané,+

  • Matius 23:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Gusti Allah bakal ngrendhahké wong sing rumangsa hébat,+ ning bakal ngunggulké wong sing rendah hati.+

  • Lukas 9:48
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 48 Terus Yésus kandha, ”Sapa waé sing nampa bocah cilik iki merga aku,* artiné wong kuwi ya nampa aku. Sapa waé sing nampa aku, artiné ya nampa Dhèwèké sing ngutus aku.+ Dadi, wong sing paling penting kuwi wong sing rendah hati.”+

  • Lukas 14:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Gusti Allah bakal ngrendhahké saben wong sing rumangsa hébat, ning bakal ngunggulké wong sing rendah hati.”+

  • Lukas 22:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 Ning, kowé aja kaya ngono.+ Wong sing paling penting ing antaramu kudu dadi kaya sing enom dhéwé,+ lan wong sing mimpin kudu dadi kaya wong sing nglayani.

  • Yakobus 4:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Kowé kudu ngrendhahké dhiri ing ngarepé Yéhuwah,*+ lan Dhèwèké bakal ngunggulké kowé.+

  • 1 Pétrus 5:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Wong lanang sing luwih enom, kowé kudu manut karo wong lanang sing luwih tuwa.*+ Ning, kowé kabèh kudu rendah hati wektu urusan karo liyané, merga Gusti Allah ora seneng karo wong sing sombong, tapi Dhèwèké bakal apikan banget marang wong sing rendah hati.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim