28 Pas isih ésuk banget, Yésus digawa saka omahé Kayafas menyang omahé gubernur Yudéa yaiku Pilatus.+ Ning, wong Yahudi ora mèlu mlebu ing omahé gubernur merga ora péngin dadi najis+ bèn isa ngrayakké Paskah.
28 Pétrus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Mémang nèk nurut hukum, wong Yahudi ora éntuk bergaul utawa mara ing omahé wong saka bangsa liya.+ Ning, Gusti Allah wis nduduhké marang aku nèk aku ora éntuk nganggep wong liya najis.+
2 Mula, wektu Pétrus tekan Yérusalèm, murid-murid sing péngin wong-wong saka bangsa liya disunat+ mulai protès marang* Pétrus. 3 Wong-wong kuwi kandha, ”Kok isa kowé mara ing omahé wong sing ora disunat lan mangan bareng karo wong-wong kuwi?”