PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Maléakhi 2:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Kowé takon, ’Kok isa?’ Kuwi merga Yéhuwah dadi seksi nèk kowé wis ora setya karo* wong wédok sing mbok nikahi pas kowé isih enom, padahal dhèwèké kuwi pasanganmu lan bojomu sing sah.*+

  • Matius 5:32
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 Ning, kowé tak kandhani, nèk ana wong lanang sing megat bojoné padahal bojoné ora nindakké hubungan sèks sing ora pantes,* wong lanang kuwi isa nyebabké bojoné laku jina. Wong sing nikah karo wong wédok sing dipegat mau ya nindakké laku jina.+

  • Markus 10:11, 12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Yésus kandha, ”Nèk wong lanang megat bojoné, terus nikah karo wong liya, kuwi artiné wong lanang kuwi laku jina+ lan ora setya karo bojoné. 12 Nèk wong wédok megat bojoné, terus nikah karo wong liya, kuwi artiné wong wédok kuwi laku jina.”+

  • Lukas 16:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 ”Nèk ana wong lanang sing megat bojoné lan nikah karo wong wédok liyané, wong kuwi nindakké laku jina. Wong sing nikah karo wong wédok sing dipegat bojoné mau ya nindakké laku jina.+

  • Roma 7:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Dadi, nèk wong wédok kuwi nikah karo wong lanang liya wektu bojoné isih urip, wong wédok kuwi laku jina.+ Tapi nèk bojoné wis mati, wong wédok kuwi bébas saka hukumé bojoné. Mula, nèk wong wédok kuwi nikah karo wong lanang liya, wong wédok kuwi ora laku jina.+

  • 1 Korintus 7:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Kanggo wong-wong sing wis nikah, aku mènèhi petunjuk. Sakjané iki dudu petunjuk saka aku, ning iki petunjuk saka Gusti. Wong wédok ora éntuk pisah saka bojoné.+

  • Ibrani 13:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Perkawinan kudu dianggep berharga karo kabèh wong. Aja nganti wong lanang lan wong wédok sing wis nikah ora setya,+ merga Gusti Allah bakal ngadili wong-wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes* lan sing laku jina.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim