-
Kaimaman 18:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Kowé kudu nindakké peraturan lan hukum-Ku. Sapa waé sing nindakké kuwi bakal tetep urip.+ Aku iki Yéhuwah.
-
-
Lukas 10:25-28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Wektu kuwi, ana salah siji ahli Taurat sing nguji Yésus. Dhèwèké takon, ”Guru, aku kudu ngapa bèn isa nampa warisan urip saklawasé?”+ 26 Yésus kandha, ”Apa sing ditulis ing Taurat? Nèk menurutmu, kuwi maksudé apa?” 27 Ahli Taurat kuwi njawab, ”’Kowé kudu nresnani Yéhuwah* Gusti Allahmu saktulusé atimu, sepenuh jiwamu,* nggunakké kabèh kekuwatanmu, lan nggunakké kabèh pikiranmu,’+ lan ’kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.’”+ 28 Yésus kandha, ”Jawabanmu bener. Terusa nindakké kuwi, lan kowé bakal urip saklawasé.”+
-