PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Markus 11:27-33
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Yésus lan murid-muridé teka manèh ing Yérusalèm. Wektu Yésus mlaku ing bait, para imam kepala, ahli Taurat, lan pemimpin* marani Yésus 28 lan takon, ”Nganggo kuwasané sapa kowé nindakké kabèh iki? Sapa sing mènèhi kowé kuwasa iki?”+ 29 Yésus njawab, ”Aku ya arep takon karo kowé. Jawaben pitakonanku, lan aku bakal ngandhani kowé saka ngendi aku éntuk kuwasa kanggo nindakké kabèh iki. 30 Sing ngutus Yohanes+ kanggo mbaptis kuwi Gusti Allah ing swarga apa manungsa? Coba jawaben.”+ 31 Wong-wong kuwi mulai bisik-bisik, ”Nèk awaké dhéwé njawab, ’Gusti Allah,’ dhèwèké bakal ngomong, ’Lha kok kowé ora percaya karo Yohanes?’ 32 Ning, nèk awaké dhéwé njawab, ’Manungsa’, mengko awaké dhéwé bakal diapakké?” Wong-wong kuwi wedi karo wong akèh, merga wong-wong nganggep nèk Yohanes kuwi bener-bener nabi.+ 33 Mula, wong-wong kuwi njawab Yésus, ”Aku ora ngerti.” Terus, Yésus kandha, ”Nèk ngono, aku ya ora bakal ngandhani kowé nganggo kuwasané sapa aku nindakké kabèh iki.”

  • Lukas 20:1-8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Wektu kuwi, Yésus lagi mulang ing bait lan nyampèkké kabar apik. Terus, para imam kepala, ahli Taurat, lan pemimpin* marani Yésus. 2 Wong-wong kuwi takon, ”Kandhanana aku, nganggo kuwasané sapa kowé nindakké kabèh iki? Sapa sing mènèhi kowé kuwasa iki?”+ 3 Yésus njawab, ”Aku ya arep takon karo kowé. Coba jawaben. 4 Sing ngutus Yohanes kanggo mbaptis kuwi Gusti Allah ing swarga apa manungsa?” 5 Wong-wong kuwi mulai bisik-bisik, ”Nèk awaké dhéwé njawab, ’Gusti Allah,’ dhèwèké bakal ngomong, ’Lha kok kowé ora percaya karo Yohanes?’ 6 Ning, nèk awaké dhéwé njawab, ’Manungsa,’ wong-wong bakal mbandhemi* awaké dhéwé, merga wong-wong iki percaya banget nèk Yohanes kuwi nabi.”+ 7 Mula, wong-wong mau njawab nèk ora ngerti sapa sing ngutus Yohanes kanggo mbaptis. 8 Terus Yésus kandha, ”Nèk ngono, aku ya ora bakal ngandhani kowé nganggo kuwasané sapa aku nindakké kabèh iki.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim