PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Danièl 3:17, 18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Nèk pancèn aku kudu diuncalké ing ruang pembakaran sing geniné murub, Gusti Allah sing tak sembah isa nylametké aku. Oh Raja, Gusti Allahku isa nylametké aku.+ 18 Ning, nèk misalé Gusti Allah ora nylametké aku, oh Raja, njenengan bakal ngerti nèk aku ora bakal nyembah déwa-déwané njenengan utawa sujud marang patung emas sing njenengan gawé.”+

  • Maléakhi 3:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 ”Apa ana manungsa sing ngrampok Gusti Allah? Ning kowé ngrampok Aku.”

      Terus kowé takon, ”Kok isa aku ngrampok Njenengan?”

      ”Kuwi merga kowé ora mènèhi sepersepuluhan lan sumbangan.

  • Markus 12:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Bar kuwi, Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar.+ Ning, wènèhna marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”+ Wong-wong kuwi kagum karo jawabané Yésus.

  • Lukas 20:25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Bar kuwi, Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar.+ Ning, wènèhna marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”+

  • Lukas 23:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Ing kono, Yésus mulai ditudhuh.+ Wong-wong kuwi kandha, ”Aku ndelok dhéwé nèk wong iki wis nyebabké wong-wong mbrontak marang pamréntah, nglarang wong-wong mbayar pajeg marang Kaisar,+ lan ngaku-ngaku nèk dhèwèké kuwi Kristus, Sang Raja.”+

  • Roma 13:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Mula, wènèhna apa sing dadi haké pamréntah: Bayaren pajeg marang wong sing ngongkon kowé mbayar pajeg.+ Kowé kudu ngajèni wong sing kudu diajèni+ lan menghormati wong sing kudu dihormati.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim