PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 38:7, 8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Ning, tumindaké Èr, anaké Yéhuda sing pertama, nggawé Yéhuwah ora seneng. Mula, dhèwèké dipatèni Yéhuwah. 8 Terus Yéhuda kandha karo Onan, ”Kowé kudu nikah karo bojoné kakangmu bèn kakangmu isa nduwé keturunan liwat kowé.”+

  • Pangandharing Torèt 25:5, 6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 ”Nèk ana kakang adhi manggon bareng,* terus salah sijiné mati sakdurungé nduwé anak, bojoné wong lanang sing mati kuwi ora éntuk nikah karo wong sing dudu keluargané sing lanang. Adhiné* wong lanang sing mati kuwi kudu nikah karo bojoné kakangé. Dhèwèké kudu nindakké kewajibané dadi ipar lan nikah karo wong wédok kuwi.+ 6 Anak pertama sing bakal dilairké wong wédok kuwi bakal dianggep dadi anaké wong lanang sing wis mati mau,+ bèn jenengé wong lanang kuwi ora dihapus saka Israèl.+

  • Rut 1:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Ning Naomi kandha, ”Muliha waé, Ndhuk. Ngapa kowé kok ndadak mèlu aku? Aku wis ora isa nglairké anak lanang manèh sing isa dadi bojomu.+

  • Rut 3:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Wis, bengi iki kowé ing kéné waé. Sésuk, nèk wong kuwi gelem nebus, ya wis bèn dhèwèké sing nebus.+ Ning nèk dhèwèké ora gelem, aku sing bakal nebus kowé lan maratuwamu. Aku sumpah demi Yéhuwah sing urip. Saiki, turua ing kéné nganti ésuk.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim