PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Markus 12:38, 39
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 38 Wektu mulang, Yésus kandha, ”Kowé kudu ngati-ati karo para ahli Taurat sing seneng mloka-mlaku nganggo jubah dawa lan péngin nampa salam hormat ing panggonan-panggonan umum.*+ 39 Wong-wong kuwi ya seneng lungguh ing kursi ngarep dhéwé* ing sinagogé* lan ing panggonané tamu penting ing pésta.+

  • Lukas 11:43
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 43 Cilaka kowé wong Farisi, merga kowé seneng lungguh ing kursi sing ngarep dhéwé* ing sinagogé* lan seneng nampa salam hormat ing panggonan-panggonan umum.*+

  • Lukas 14:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Yésus nggatèkké nèk tamu-tamu ing kono senengané milih panggonan sing dienggo tamu penting.+ Mula, Yésus nyritakké perumpamaan iki,

  • Lukas 14:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Mula, nèk kowé diundang, lungguha ing panggonan sing mburi dhéwé. Dadi, nèk pas wong sing ngundang kowé marani kowé lan kandha, ’Kancaku, ayo lungguh ing ngarep waé,’ kowé bakal dihormati tamu-tamu liyané.+

  • Lukas 20:46
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 46 ”Kowé kudu ngati-ati karo para ahli Taurat sing seneng mloka-mlaku nganggo jubah dawa lan seneng nampa salam hormat ing panggonan-panggonan umum.* Wong-wong kuwi seneng lungguh ing kursi ngarep dhéwé* ing sinagogé* lan panggonané tamu penting ing pésta.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim