-
Lukas 11:49-51Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
49 Kuwi sebabé Gusti Allah sing wicaksana kandha, ’Aku bakal ngutus nabi-nabi lan rasul-rasul marani wong-wong kuwi, ning ana sing bakal dipatèni lan dianiaya. 50 Mula, wong-wong jaman iki* bakal tanggung jawab kanggo getihé kabèh nabi sing dipatèni kèt permulaané donya,*+ 51 mulai saka getihé Habèl+ nganti getihé Zakharia, yaiku wong sing mbok patèni ing ngarep bait ing cedhak mézbah.’+ Kowé tak kandhani, wong-wong ing jaman iki* bakal tanggung jawab kanggo getihé wong-wong kuwi.
-