-
1 Para Raja 9:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Aku bakal nyingkirké Israèl saka tanah sing Tak wènèhké marang wong-wong kuwi.+ Omah sing wis Tak sucèkké kanggo jeneng-Ku bakal Tak singkirké saka ngarep mripat-Ku,+ lan Israèl bakal direndhahké lan diécé ing antarané kabèh bangsa.+ 8 Omah iki bakal dadi reruntuhan.+ Saben wong sing liwat bakal nggumun ndelok kuwi karo ngrèmèhké* lan kandha, ’Ngapa Yéhuwah nganti nindakké iki marang tanah lan omah iki?’+
-
-
Yérémia 22:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 ”’Ning, nèk kowé ora manut omongan-Ku iki, Aku wis tenanan sumpah nèk istana iki bakal hancur,’+ kandhané Yéhuwah.
-
-
Matius 21:43Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
43 Kuwi sebabé kowé tak kandhani, berkahé Kerajaané Gusti Allah bakal dijupuk saka kowé lan diwènèhké marang bangsa sing nindakké karepé Gusti Allah.
-