-
Lukas 21:21-23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Wong-wong sing ana ing Yudéa kudu mulai mlayu menyang pegunungan.+ Wong-wong sing ana ing njero kutha kuwi kudu metu, lan wong-wong sing ana ing désa-désa sekitaré aja mlebu mrono. 22 Kuwi wektuné Gusti Allah ngukum wong-wong. Kuwi kelakon bèn kabèh sing wis ditulis ing Kitab Suci isa dadi kenyataan. 23 Cilaka tenan wong wédok sing meteng lan sing isih nyusoni bayi wektu kuwi.+ Negara iki bakal sengsara banget, lan wong-wongé bakal dihukum.
-