-
Lukas 12:45, 46Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
45 Ning, nèk misalé budhak kuwi mbatin, ’Paling majikanku tekané telat,’ terus dhèwèké mulai nggebugi para budhak lanang lan wédok lan mangan karo ngombé nganti mabuk,+ 46 majikané bakal teka ing dina sing ora disangka-sangka lan ing jam sing ora dingertèni budhak kuwi. Terus, majikané bakal mènèhi hukuman sing paling abot lan bakal nguncalké budhak kuwi menyang panggonané wong-wong sing ora setya.
-