-
1 Korintus 11:23-26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Sing tak wulangké marang kowé kuwi ya sing diwulangké Gusti marang aku. Bengi+ sakdurungé dikhianati, Gusti Yésus njupuk roti. 24 Sakwisé ngucap syukur, dhèwèké nyuwil-nyuwil roti kuwi lan kandha, ”Iki nglambangké badanku+ sing tak pasrahké kanggo kowé. Terus tindakna iki kanggo ngéling-éling aku.”+ 25 Sakwisé mangan, dhèwèké njupuk gelas+ kuwi lan kandha, ”Gelas iki nglambangké perjanjian anyar+ sing disahké nganggo getihku.+ Terus tindakna iki. Saben kowé ngombé iki, tindakna kuwi kanggo ngéling-éling aku.”+ 26 Mula, saben kowé mangan roti iki lan ngombé saka gelas iki, kowé martakké kematiané Gusti nganti dhèwèké teka.
-