PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Markus 14:60-65
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 60 Terus, imam agung ngadeg ing tengah lan nakoni Yésus, ”Apa kowé ora péngin njawab? Apa kowé ora krungu tudhuhané wong-wong iki?”+ 61 Ning, Yésus meneng waé lan babar blas ora njawab.+ Terus, imam agung takon manèh karo Yésus, ”Apa kowé Kristus, Anaké Gusti Allah sing Mahasuci?” 62 Bar kuwi, Yésus njawab, ”Ya, bener. Kowé ya bakal ndelok Anaké manungsa+ lungguh ing sisih tengené+ Gusti Allah sing Mahakuwasa lan ndelok dhèwèké teka nganggo méga-méga langit.”+ 63 Terus, imam agung nyuwèk klambi njabané lan kandha, ”Kanggo apa nggolèk seksi-seksi manèh?+ 64 Kowé wis krungu dhéwé nèk wong iki ngrèmèhké Gusti Allah. Saiki, dhèwèké kudu diapakké?” Kabèh wong kuwi setuju nèk Yésus kudu dipatèni.+ 65 Terus, ana wong-wong sing ngidoni Yésus.+ Ana sing nutupi wajahé Yésus lan njotos dhèwèké karo kandha, ”Nèk kowé nabi, coba kandhanana aku sapa sing ngantemi* kowé.” Para petugas pengadilan ngantemi wajahé Yésus, terus nggawa Yésus lunga.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim