-
Kisah 5:27, 28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
27 Terus, para rasul digawa ngadhep Sanhèdrin lan ditakon-takoni karo imam agung. 28 Imam agung kandha, ”Kowé kan wis tak préntahké supaya ora mulang nganggo jeneng kuwi,* ta?+ Ning, kowé malah wis nyebarké ajaranmu nganti sak Yérusalèm ngerti kabèh. Kowé mesthi péngin bèn aku disalahké wong-wong merga matiné wong kuwi.”+
-
-
1 Tésalonika 2:14, 15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Sedulur-sedulur, kowé wis niru jemaaté Gusti Allah ing Yudéa sing bersatu karo Kristus Yésus, merga kowé dianiaya wong-wong sing sak bangsa karo kowé,+ kaya sedulur-sedulur ing Yudéa sing ya dianiaya wong Yahudi. 15 Wong Yahudi matèni Gusti Yésus+ lan nabi-nabi. Wong-wong kuwi ya nganiaya aku.+ Tumindaké wong-wong kuwi ora nyenengké Gusti Allah lan ora ana gunané kanggo sapa waé.
-