-
Markus 15:16-20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Terus, para prajurit nggawa Yésus menyang halaman omahé gubernur lan ngundang* kabèh pasukan kanggo ngumpul.+ 17 Para prajurit kuwi nganggokké jubah ungu marang Yésus. Para prajurit ya nggawé mahkota saka tanduran eri lan masang kuwi ing sirahé Yésus. 18 Terus, para prajurit kuwi mbengok, ”Salam, hé Rajané Wong Yahudi.”+ 19 Para prajurit kuwi ya nggebugi sirahé Yésus nganggo tongkat lan ngidoni dhèwèké. Terus, para prajurit kuwi sujud ing ngarepé Yésus. 20 Akhiré, sakwisé ngécé Yésus, para prajurit kuwi nyopot jubah ungu sing dienggo Yésus, terus diganti nganggo klambi njabané Yésus. Bar kuwi, Yésus digawa metu arep dipaku ing cagak.+
-