-
Markus 15:45-47Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
45 Sakwisé éntuk keterangan saka perwira mau, Pilatus nyerahké mayaté Yésus marang Yusuf. 46 Yusuf tuku kain linèn sing alus lan ngedhunké mayaté Yésus. Terus, mayaté Yésus dibungkus nganggo kain linèn kuwi lan didèlèhké ing njeroné bukit watu sing wis digrowongi dadi kuburan.+ Bar kuwi, Yusuf ngglundhungké watu kanggo nutup kuburan kuwi.+ 47 Wektu kuwi, Maria Magdaléna lan Maria ibuné Yosès terus ndeloki kuburané Yésus.+
-