40 Terus, wong-wong kuwi nggawa mayaté Yésus lan mbungkus nganggo linèn lan rempah-rempah mau,+ kaya kebiasaané wong Yahudi kanggo ngubur wong mati. 41 Ing cedhak panggonané Yésus dihukum mati, ana taman. Ing taman kuwi ana kuburan anyar.+ Kuburan kuwi durung tau ana sing nganggo.