-
Matius 4:1-10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Terus, Yésus dituntun roh suci menyang padhang belantara. Ing kana, Yésus digodha+ Iblis.+ 2 Sakwisé pasa 40 dina 40 bengi, Yésus ngrasa ngelih.* 3 Bar kuwi, Iblis teka kanggo nggodha+ Yésus lan kandha, ”Nèk kowé pancèn anaké Gusti Allah, kongkonen watu-watu iki dadi roti.” 4 Ning Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ’Manungsa kudu urip ora mung saka panganan* waé, ning saka saben omongan sing diucapké Yéhuwah.’”*+
5 Terus, Iblis nggawa Yésus menyang kutha suci,*+ ing bagéan témbok sing paling dhuwur ing bait.+ 6 Iblis kandha, ”Nèk kowé pancèn anaké Gusti Allah, anjloga. Kitab Suci kan kandha, ’Dhèwèké bakal ngongkon malaékat-malaékaté,’ lan, ’Para malaékaté bakal nampani kowé nganggo tangané bèn sikilmu ora kena watu.’”+ 7 Yésus njawab, ”Kitab Suci ya kandha, ’Aja nguji Yéhuwah* Gusti Allahmu.’”+
8 Terus, Iblis nggawa Yésus menyang gunung sing dhuwur banget lan nduduhké kabèh pamréntahané manungsa ing donya lan kemuliaané.+ 9 Iblis kandha, ”Kabèh iki bakal tak wènèhké kowé nèk kowé sujud lan nyembah aku sepisan waé.” 10 Bar kuwi, Yésus njawab, ”Lungaa, Sétan! Merga Kitab Suci kandha, ’Mung Yéhuwah* Gusti Allahmu sing kudu mbok sembah,+ lan mung marang Dhèwèké kowé kudu ngabdi.’”*+
-
-
Lukas 4:1-13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Terus, Yésus ninggalké Kali Yordan. Gusti Allah mènèhi Yésus roh suci, lan roh suci kuwi nuntun Yésus menyang padhang belantara.+ 2 Yésus ana ing kono 40 dina, lan dhèwèké ora mangan apa-apa. Mula, sakwisé 40 dina kuwi, Yésus ngrasa ngelih.* Terus Yésus digodha Iblis.+ 3 Bar kuwi, Iblis ngomong karo Yésus, ”Nèk kowé pancèn anaké Gusti Allah, kongkonen watu iki dadi roti.” 4 Ning Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ’Manungsa ora mung urip saka panganan* waé.’”+
5 Terus, Iblis nggawa Yésus ing panggonan sing dhuwur lan nduduhké marang Yésus kabèh pamréntahané manungsa ing donya, ning mung sedhéla.+ 6 Terus Iblis ngomong karo Yésus, ”Kabèh pamréntahan iki lan kemuliaané bakal tak wènèhké kowé sebab kabèh kuwi duwèkku,+ lan aku isa mènèhké kuwi marang sapa waé sing tak karepké. 7 Mula, nèk kowé gelem nyembah aku sepisan waé, kuwi kabèh bakal dadi duwèkmu.” 8 Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ’Mung Yéhuwah* Gusti Allahmu sing kudu mbok sembah, lan mung marang Dhèwèké kowé kudu ngabdi.’”*+
9 Terus, Iblis nggawa Yésus menyang Yérusalèm, ing bagéan témbok sing paling dhuwur ing bait. Iblis kandha, ”Nèk kowé pancèn anaké Gusti Allah, anjloga saka kéné.+ 10 Kitab Suci kan kandha, ’Dhèwèké bakal ngongkon malaékat-malaékaté bèn nglindhungi kowé,’ 11 lan, ’Para malaékat bakal nampani kowé bèn sikilmu ora kena watu.’”+ 12 Yésus njawab, ”Kitab Suci ya kandha, ’Aja nguji Yéhuwah* Gusti Allahmu.’”+ 13 Mula, sakwisé nggodha Yésus, Iblis ninggalké dhèwèké lan nunggu nganti ana kesempatan liya sing cocog.+
-