PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 14:1-5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Wektu kuwi, Hérodès, penguasa wilayah Galiléa, krungu laporan soal Yésus.+ 2 Hérodès kandha marang para abdiné, ”Wong kuwi Yohanes Pembaptis. Dhèwèké mesthi wis diuripké manèh saka antarané wong mati. Kuwi sebabé dhèwèké isa nggawé akèh mukjijat.”+ 3 Hérodès* ngomong ngono merga sakdurungé Hérodès wis nangkep Yohanes Pembaptis. Hérodès ngranté lan nglebokké Yohanes ing penjara merga Hérodias. Mbiyèn, Hérodias kuwi bojoné Filipus, kakangé Hérodès.+ 4 Yohanes wis ping bola-bali ngélikké Hérodès, ”Njenengan nglanggar hukum nèk nikah karo dhèwèké.”+ 5 Mula, Hérodès péngin matèni Yohanes, ning dhèwèké wedi karo wong-wong merga wong-wong nganggep Yohanes kuwi nabi.+

  • Lukas 9:7-9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Hérodès,* penguasa wilayah Galiléa, krungu soal kabèh sing kelakon kuwi. Dhèwèké bingung banget merga ana sing ngomong nèk Yohanes wis diuripké manèh saka antarané wong mati,+ 8 ning sing liyané ngomong nèk kuwi Èlia. Sing liyané manèh ngomong nèk kuwi salah siji nabi jaman mbiyèn sing urip manèh.+ 9 Hérodès kandha, ”Yohanes kan wis tak penggal,+ lha terus wong kuwi sapa? Aku wis krungu akèh banget soal dhèwèké.” Mula, Hérodès ngupaya bèn isa ketemu Yésus.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim