-
2 Para Raja 4:42-44Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
42 Ana wong teka saka Baal-syalisya,+ lan dhèwèké nggawa roti barli+ 20 sing digawé saka hasil panèn pertama karo sak kanthong biji-bijian sing lagi waé dipanèn+ kanggo diwènèhké marang abdiné Gusti Allah sing bener. Èlisa kandha, ”Wènèhna kuwi marang wong-wong iki bèn dipangan.” 43 Ning pelayané kandha, ”Panganan iki ora cukup kanggo wong 100.”+ Èlisa kandha, ”Wènèhna waé marang wong-wong iki bèn dipangan, merga iki sing diomongké Yéhuwah, ’Wong-wong kuwi bakal mangan, malah bakal turah.’”+ 44 Bar kuwi, panganan kuwi diwènèhké, terus wong-wong kuwi padha mangan, malah isih turah,+ persis kaya sing diomongké Yéhuwah.
-