38 Ning, wong Farisi kuwi nggumun merga ndelok Yésus ora wisuh sakdurungé mangan.+ 39 Terus, Gusti Yésus ngomong karo wong kuwi, ”Hé kowé wong Farisi, kowé kuwi kaya cangkir lan piring sing diresiki njabané, ning njeroné reged. Ing njero atimu, kowé srakah lan jahat banget.+