-
Matius 15:3-6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Yésus njawab, ”Lha kowé, ngapa kok kowé nglanggar préntahé Gusti Allah merga tradhisimu?+ 4 Contoné, Gusti Allah ngomong, ’Kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu,’+ lan, ’Wong sing ngomong kasar marang* bapaké utawa ibuné kudu dipatèni.’+ 5 Ning kowé kandha, ’Nèk ana wong sing ngomong karo bapaké utawa ibuné, ”Apa waé sing tak duwèni kanggo ngopèni bapak lan ibu wis tak wènèhké dadi korban marang Gusti Allah,”+ 6 wong kuwi ora perlu manèh ngajèni bapak lan ibuné.’ Dadi, kowé ngrèmèhké omongané Gusti Allah merga tradhisimu.+
-