PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 15:22-28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Ana wong wédok Fénisia saka dhaérah kuwi teka lan mbengok, ”Gusti, Anaké Daud, tulung mesakké aku. Anakku wédok sengsara banget merga kesurupan roh jahat.”+ 23 Ning, Yésus meneng waé. Mula murid-muridé kandha, ”Gusti, kongkonen wong wédok kuwi lunga waé timbang dhèwèké bengok-bengok ngetutké awaké dhéwé.” 24 Yésus kandha, ”Aku mung diutus marang wong Israèl sing kaya domba sing kesasar.”+ 25 Ning, wong wédok kuwi sujud lan kandha, ”Gusti, aku njaluk tulung.” 26 Yésus njawab, ”Ora apik nèk rotiné bocah-bocah dijupuk, terus diwènèhké anak asu.” 27 Wong wédok kuwi njawab, ”Bener Gusti, ning sakjané anak-anak asu mangan rontokan roti sing tiba saka méja majikané.”+ 28 Yésus njawab, ”Imanmu gedhé banget. Apa sing mbok péngini bakal kelakon.” Wektu kuwi, anaké wédok langsung mari.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim