49 Pejabat kuwi kandha, ”Gusti, tulung tekaa sakdurungé anakku mati.” 50 Yésus kandha, ”Muliha, anakmu wis mari.”+ Pejabat kuwi percaya karo omongané Yésus, lan dhèwèké mulih. 51 Pas perjalanan mulih, budhak-budhaké nemoni pejabat kuwi kanggo ngandhani nèk anaké wis mari.