PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 16:5-12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Wektu lunga menyang sabrang, murid-muridé Yésus lali nggawa roti.+ 6 Yésus kandha, ”Kowé kudu ngati-ati karo raginé wong Farisi lan Saduki.”+ 7 Mula, murid-muridé ngomongké soal kuwi lan kandha, ”Mungkin Yésus ngomong ngono merga awaké dhéwé ora nggawa roti.” 8 Wektu ngerti kuwi, Yésus takon, ”Ngapa kok kowé isih ngomongké soal roti sing ora mbok gawa? Kowé kuwi kurang iman. 9 Apa kowé isih durung paham maksudé omonganku? Apa kowé lali karo roti lima sing tak enggo mènèhi mangan wong lanang 5.000? Ana pirang kranjang sing mbok enggo nglumpukké sisané wektu kuwi?+ 10 Apa kowé ya lali karo roti pitu sing tak enggo mènèhi mangan wong lanang 4.000? Ana pirang kranjang gedhé* sing mbok enggo nglumpukké sisané wektu kuwi?+ 11 Ngapa kok kowé ora paham nèk sing tak omongké kuwi dudu soal roti? Aku iki lagi ngélikké kowé bèn ngati-ati karo raginé wong Farisi lan Saduki.”+ 12 Bar dijelaské, murid-muridé lagi ngerti nèk maksudé Yésus dudu ngati-ati karo ragi sing dienggo nggawé roti, ning ngati-ati karo ajarané wong Farisi lan Saduki.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim