40 Salah siji saka wong loro sing ngrungokké omongané Yohanes lan ngetutké Yésus kuwi jenengé Andréas.+ Dhèwèké kuwi seduluré Simon Pétrus. 41 Sakwisé kuwi, Andréas langsung nggolèki seduluré, yaiku Simon. Andréas kandha, ”Aku wis ketemu Mésias.”+ (Nèk diterjemahké artiné ”Kristus”.)