-
Lukas 4:38, 39Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
38 Saka sinagogé kuwi, Yésus lunga ing omahé Simon. Wektu kuwi, ibu maratuwané Simon lagi demam, lan panasé dhuwur banget. Mula, wong-wong njaluk bèn Yésus nulungi ibu maratuwané Simon.+ 39 Terus, Yésus ngadeg ing sebelahé wong wédok kuwi lan marèkké larané. Wong wédok kuwi mari lan langsung tangi, terus dhèwèké ngladèni wong-wong kuwi.
-