32 Bar kuwi, Yésus karo murid-muridé tekan ing panggonan sing disebut Gètsemani. Yésus kandha marang murid-muridé, ”Lungguha ing kéné. Aku arep ndonga.”+
42 Wektu matahari wis terbit, Yésus lunga ing panggonan sing sepi.+ Akèh wong mulai nggolèki Yésus. Pas wis ketemu, wong-wong kuwi njaluk bèn Yésus ora lunga saka kono.
7 Saksuwéné uripé ing bumi, Kristus ndonga tenanan karo nangis+ lan njaluk nganggo swara banter marang Gusti Allah sing isa nylametké dhèwèké saka kematian. Dongané kuwi dirungokké merga dhèwèké wedi marang* Gusti Allah.