-
Matius 21:19, 20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Yésus ndelok ana wit ara ing pinggir dalan, terus diparani. Ning, wit kuwi babar blas ora ana buahé. Anané mung godhong thok.+ Terus, Yésus kandha marang wit kuwi, ”Kowé ora bakal ngetokké buah manèh.”+ Wit ara kuwi langsung layu. 20 Wektu ndelok kuwi, murid-murid nggumun lan kandha, ”Kok isa ya wit ara kuwi langsung layu?”+
-