39 Sakwisé maju sithik saka kono, Yésus sujud lan ndonga,+ ”Bapakku, nèk isa, tulung singkirna gelas*+ iki saka aku. Tapi, sing kudu kelakon kuwi apa sing Njenengan karepké, dudu sing tak karepké.”+
42 Yésus kandha, ”Bapak, nèk Njenengan gelem, tulung singkirna gelas* iki saka aku. Tapi, dudu karepku sing kelakon, ning sing kudu kelakon kuwi apa sing Njenengan karepké.”+
7 Saksuwéné uripé ing bumi, Kristus ndonga tenanan karo nangis+ lan njaluk nganggo swara banter marang Gusti Allah sing isa nylametké dhèwèké saka kematian. Dongané kuwi dirungokké merga dhèwèké wedi marang* Gusti Allah.