-
Matius 26:42-46Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
42 Bar kuwi, Yésus lunga lan ndonga manèh, ”Bapakku, nèk iki ora mungkin disingkirké lan aku kudu ngombé iki, muga-muga karepé Njenengan sing kelakon.”+ 43 Yésus bali manèh lan ndelok murid-muridé lagi turu merga ngantuk banget. 44 Mula, Yésus ninggalké murid-muridé lan ndonga kanggo ping teluné. Yésus ngucapké donga sing padha kaya sakdurungé. 45 Terus, Yésus marani murid-muridé lan kandha, ”Kok isa kowé malah istirahat lan turu, padahal iki wektu sing penting? Saiki wektuné Anaké manungsa diserahké marang* wong dosa. 46 Ndang tangi, ayo lunga. Deloken kaé, sing ngianati aku wis teka.”
-