-
Matius 9:14, 15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Terus, murid-muridé Yohanes marani Yésus lan takon, ”Ngapa kok murid-muridmu ora pasa padahal aku, kanca-kancaku, lan wong Farisi pasa?”+ 15 Yésus njawab, ”Wektu mantèn lanang+ isih ana karo para sahabaté, para sahabaté ora perlu sedhih, ta? Ning, bakal tekan wektuné mantèn lanang dipisahké saka para sahabaté.+ Wektu kuwi, sahabat-sahabaté bakal pasa.
-
-
Lukas 5:33-35Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
33 Wong-wong kuwi kandha marang Yésus, ”Murid-muridé Yohanes rajin pasa lan ndonga tenanan. Murid-muridé wong Farisi ya kaya ngono. Ning, murid-muridmu malah mangan lan ngombé.”+ 34 Yésus njawab, ”Nèk mantèn lanang isih ana karo para sahabaté, kowé ora mungkin ngongkon sahabat-sahabaté mantèn lanang kuwi pasa, ta? 35 Ning, bakal tekan wektuné mantèn lanang+ dipisahké saka para sahabaté. Wektu kuwi, sahabat-sahabaté bakal pasa.”+
-