-
Matius 27:33-37Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
33 Wektu wong-wong kuwi tekan ing panggonan sing disebut Golgota, sing artiné Panggonan Tengkorak,+ 34 para prajurit kuwi mènèhi Yésus anggur sing dicampur empedu.*+ Ning bar ngicipi, Yésus ora gelem ngombé kuwi. 35 Sakwisé maku Yésus ing cagak, para prajurit nguncalké undhi bèn isa ngedum-edum klambi njabané Yésus.+ 36 Para prajurit kuwi ya lungguh ing kono kanggo njaga Yésus. 37 Para prajurit kuwi masang papan ing ndhuwur sirahé Yésus sing isiné tudhuhan marang Yésus. Tulisané ngéné, ”Iki Yésus, Rajané Wong Yahudi.”+
-