-
Matius 27:39-42Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
39 Wong-wong sing liwat ngécé Yésus+ lan gèdhèg-gèdhèg.+ 40 Wong-wong kuwi kandha, ”Hé kowé sing ngomong nèk arep ngambrukké bait lan mbangun kuwi manèh ing wektu telung dina,+ coba slametna awakmu dhéwé. Nèk kowé pancèn anaké Gusti Allah, mudhuna saka cagak hukuman.”*+ 41 Para imam kepala, para ahli Taurat, lan para pemimpin* ya mulai ngécé Yésus.+ 42 Wong-wong kuwi kandha, ”Wong liya dislametké, ning dhèwèké ora isa nylametké dhèwèké dhéwé. Nèk dhèwèké pancèn Raja Israèl,+ ayo didelok, apa dhèwèké isa mudhun saka cagak hukuman* kuwi. Nèk nganti isa, awaké dhéwé bakal percaya karo dhèwèké.
-