-
Matius 27:46-49Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
46 Kira-kira jam telu soré, Yésus mbengok, ”Eli, Eli, lama sabakhtani?” sing artiné, ”Gusti Allahku, Gusti Allahku, ngapa kok Njenengan ninggalké aku?”+ 47 Wektu krungu kuwi, wong-wong sing ngadeg ing kono mulai kandha, ”Wong iki ngundang* Èlia.”+ 48 Salah siji wong ing kono langsung mlayu njupuk kembang karang, ngekum kuwi ing anggur kecut, ndèlèhké kuwi ing kayu, terus mènèhké kuwi marang Yésus supaya diombé.+ 49 Ning, sing liyané kandha, ”Ayo delok waé apa Èlia bakal teka nylametké dhèwèké.”
-