5 Malaékat kuwi kandha karo wong-wong wédok mau, ”Aja wedi. Aku ngerti nèk kowé lagi nggolèki Yésus sing dipatèni ing cagak.+ 6 Dhèwèké ora ana ing kéné merga wis diuripké manèh, kaya sing wis tau dhèwèké omongké.+ Mrénéa, deloken panggonan sing dienggo ndèlèhké mayaté.