-
Lukas 14:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Pas dina Sabat liyané, Yésus mara ing omahé salah siji pemimpiné wong Farisi kanggo mangan ing kono. Wong-wong sing ana ing kono ndeloki Yésus terus. 2 Ing ngarepé Yésus, ana wong sing awaké abuh merga kena penyakit.* 3 Terus, Yésus takon karo para ahli Taurat lan wong Farisi, ”Nurut hukum, marèkké wong pas dina Sabat kuwi éntuk apa ora?”+
-