-
Lukas 11:17, 18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Merga ngerti sing dipikirké wong-wong kuwi,+ Yésus kandha, ”Saben kerajaan sing rakyaté padha padu dhéwé-dhéwé lan saben keluarga sing wongé ora rukun mesthi bakal hancur. 18 Kowé kan mau ngomong nèk aku ngusir roh-roh jahat merga dibantu Béèlzébul. Lha nèk Sétan nglawan dhèwèké dhéwé, apa pamréntahané ora bakal hancur?
-