PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Mazmur 2:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 Aku bakal nyampèkké keputusané Yéhuwah.

      Dhèwèké ngomong karo aku, ”Kowé anak-Ku.+

      Mulai saiki, Aku dadi bapakmu.+

  • Matius 3:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Terus, ana swara saka langit,+ ”Iki Anak-Ku+ sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng.”+

  • Matius 17:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Wektu Pétrus isih ngomong, ujug-ujug méga sing padhang nutupi wong-wong kuwi. Terus, ana swara saka méga mau, ”Iki Anak-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng.+ Rungokna dhèwèké.”+

  • Markus 1:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Terus, ana swara saka langit, ”Kowé Anak-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng.”+

  • Yohanes 1:32-34
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 Yohanes ya mènèhi kesaksian, ”Aku ndelok roh suci sing kaya manuk dara mudhun saka langit, lan roh suci kuwi terus ana ing ndhuwuré Yésus.+ 33 Senajan aku ora ngerti sapa dhèwèké, ning Gusti Allah sing ngongkon aku mbaptis nganggo banyu kandha, ’Nèk kowé ndelok roh suci mudhun lan roh suci kuwi terus ana ing ndhuwuré salah siji wong sing mbok baptis,+ ya wong kuwi sing bakal mbaptis nganggo roh suci.’+ 34 Aku wis ndelok dhéwé. Aku iki seksiné nèk dhèwèké kuwi pancèn Anaké Gusti Allah.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim