-
Markus 1:23-28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Ing sinagogé* kuwi, ana wong sing kesurupan roh jahat.* Wong kuwi mbengok, 24 ”Apa urusanku karo kowé, hé Yésus wong Nazarèt?+ Apa kowé mréné arep matèni aku? Aku ngerti tenan kowé kuwi sapa. Kowé kuwi abdi sing suci sing diutus Gusti Allah.”+ 25 Ning, Yésus nggetak roh jahat* kuwi, ”Menenga, metua saka wong iki!” 26 Roh jahat* kuwi langsung nggawé wong kuwi kejang-kejang lan mbengok sak banter-banteré. Terus, roh najis kuwi metu saka wong kuwi. 27 Kabèh wong dadi nggumun lan ngomongké soal kuwi. Wong-wong kandha, ”Apa ta iki? Apa iki wulangan anyar? Dhèwèké nduwé kuwasa kanggo ngusir roh-roh jahat,* lan roh-roh jahat kuwi ya manut karo dhèwèké.” 28 Mula, crita soal Yésus cepet banget kesebar ing kabèh panggonan ing dhaérah Galiléa.
-