41 Yésus ya ngusir roh-roh jahat saka wong akèh. Roh-roh jahat kuwi mbengok, ”Kowé kuwi anaké Gusti Allah.”+ Ning, Yésus nggetak lan nglarang roh-roh jahat kuwi ngomong soal dhèwèké,+ merga roh-roh jahat kuwi ngerti nèk Yésus kuwi Kristus.+
28 Pas ndelok Yésus, wong lanang kuwi sujud ing ngarepé Yésus lan mbengok, ”Apa urusanku karo kowé, hé Yésus, Anaké Gusti Allah sing Mahaluhur? Tulung, aja nyiksa aku.”+